Search This Blog

Wednesday, May 26, 2021

Ki Ageng Sela

Rikala zaman semono ing desa Sela, Ki Ageng Sela sing kondhang karo ajine yaiku bisa nakluke gludug. Ki Ageng Sela turunaning Majapahit sahingga dheweke isih termasuk anak-putu Brawijaya. Nadyan mangkono, dheweke ora gelem gantung uripe marang kaluwargane.

Ki Ageng Sela berasal dari Purwodadi tepatnya di daerah Tawangharo. Dia merupakan keturunan dari kerajaan Majapahit sehingga dia dapat dikatakan sebagai anak-putu Brawijaya. Walaupun dia merupakan keturunan kerajaan Majapahit, namun dia tidak mau bergantung. Dia ingin mencari jati dirinya sendiri.

Ki Ageng Sela nduweni jeneng luwih saka siji ing uripe. Sing kepisan nalika dheweke isih enom,jeneng Ki Ageng Sela yaiku Bagus Songgom. Banjur, dheweke nduweni jeneng Si Abdul Rahman. Dheweke dijenengi Si Abdul Rahman amarga dheweke dianggep sesepuh karo masyarakat. Jeneng Ki Ageng Sela dhewe diwenehi ning dheweke amarga dheweke nduweni akal sing apik utawa susila/Sela.

Ki Ageng Sela memiliki nama lebih dari satu selama hidupnya. Yang pertama ketika dia muda, Ki Ageng Sela bernama Bagus Songgom, yang kedua bernama Ri karena dia merupakan anak-putu trah majapahit, yang ketiga bernama Si Abdul Rahman karena dia dianggap sebagai sesepuh oleh masyarakat. Nama Ki Ageng Sela sendiri atau Ki Gede Sela diberikan kepadanya karena semasa hidupnya dia memiliki akal budi yang baik atau susila/Sela.

Kawit cilik, Ki Ageng Sela wis dadi wong tani sing ulet. Kebukti nalika dheweke ngolah sawah, dheweke bisa nandur cepet. 
Ki Ageng Sela merupakan seorang petani yang ulet, itu sudah terlihat ketika dia masih remaja. Terbukti, ketika dia bertani dia dapat mengolah tanahpun sangat cepat.

Selawase urip, Ki Ageng Sela cedhak banget marang Gusti Allah. Kebukti, nalika dheweke lagi nandur dheweke diganggu karo gludug. Ki Ageng Sela anyel amarga ngrasa keganggu karo gludug iku. Banjur, dheweke nantang gludug iku kanggo gelut. Dheweke njaluk gludug iku nduduhi wujud asline. Banjur, ana mbah-mbah kakung sing ngadheg ana ngarepe Ki Ageng Sela. Rupane, mbah kakung iku wujud saka gludug mau. Banjur, Ki Ageng Sela gelut karo mbah kakung iku. Akhire, Ki Ageng Sela bisa angalahke Mbah Kakung iku. Sakwise bisa ngalahke gludug iku, Ki Ageng Sela naleni gludug iku nganggo godhong jarak. Sakwise ditaleni, Ki Ageng Sela gawa gludug iku menyang omahe nganggo wit gandri.Nalika tekan omah, Ki Ageng Sela ndheleh gludug iku ing mburi omahe (sing saiki dadi makam Ki Ageng Sela).
Kabar Ki Ageng Sela sing bisa naleni lan gawa bali gludug iku krungu tekan Sunan Kalijaga. Banjur, Sunan Kalijaga ngangkon Ki Ageng Sela gawa gludug iku ning Demak. Dheweke ngangkon Ki Ageng Sela gawa gludug supaya Demak bisa keadoh saka mala.

Nalika krungu panjaluke Sunan Kalijaga, Ki Ageng Sela nrima panjaluke Sunan Kalijaga. Banjur, dheweke gawa dhewe percikane gludug iku sing sakdurunge wis ditaleni saka omah.

Nalika tekan alun-alunDemak. Rupane, tekane Ki Ageng Sela barengan karo wafate Patiunus (1521 SM). Banjur, Ki Ageng Sela menehi kurmat marang para Wali sing nalika iku ana ing alun-alun Demak. Sakwise mangkono, dheweke melu neruske pemakamane Patiunus (sing saiki dadi Ombor-ombor).

Nalika Ki Ageng Sela tekan Demak, Ki Ageng Sela nggambar naga ing ngarep masjid Demak tepate ana ing gerbang utama. Nalika dheweke durung bubaran nggambar, rupane ana mbah wadon sing gebyur gambar iku. Banjur, krungu swara gludug banter. Sahingga, gambar sing digambar Ki Ageng Sela iku ora rampung amarga mahluk-mahluk iku lunga dhewe.

Percikane gludug sing digawa Ki Ageng Sela iku digunakake nalika Grebeg Maulud. Tungku sing digunakake iku tungkune Joko Tarub. Banyu sing dienggo banyu saka sendhang lan sing masak iku Nawang Wulan. Saiki, Percikane gludug mau isih digunakake nalika ana event-event Mataram. Misale, Grebeg Maulud, Grebeg Sura,lsp.

No comments: